Halaman

murniart.blogspot.com meleyani berbagai kerajinan krey dengan bahan baku bambu, kayu dan rotan Juga melayani karpet dan lain sebagainya segera hubungi murni art shop

Cerpen Bahasa Jawa



Luwih Penak Dolanan Karo Kancane

Dino iki Tono ora gelem dolanan karo kanca-kancane maneh. Amarga jik nesu karo kancane, robotane Tono diruskne menyang Edo kamangka robotane lagi dituku seminggu mingi kepengker lan ibune Tono ora gelem numbaske maneh, amarga durung duwe duwit kanggo nukokake robotane.
“Ibu-ibu… pundutna maneh robotan amarga rabatane kulo sampun rusak dirusakaken kanca kulo Edo!” Ature Tono.
“Nanging ibu durung duwe duwit, Ton !”. Wangsulane ibune.
“Sak  meniko kula boten puron dolanan kalihan kanca-kanca maneh.” Wangsulane Tono.
Banjur Tono dolanan dewe nanging rasane ora enak banget lan Tono uwes bosen dolanan dewe.
“Ibu pripun carane golek kanca anyar?” pitakane Tono ing pawon lan ibune lagi beberes.
Ibune guyu, Tono karo ngomong “ Lha kanca-kancane Tono akeh tho?”
“Kulo boten purun kancanan maleh kalian niku” wangsulane Tono
“Lho, terus kanca kaya apa sing kok karepke?” pitakone ibune. Banjur Tono malah dadi bingung.
Ibune banjur ngei roti menyang Tono kanggo diwenehke menyang kancane. “Ya wis iki rotine bagekno menyang kancamu banjur dolanan kono karo kancanmu, mengko nek udan dang mulih, aja udan-udan!”.
“Gih ibu yen mekaten kulo dolan riyen gih bu?” wangsulane Tono
Tono rikolo enten mergi kepanggeh Edi kancane.
“Arep nyangdi Ton?” pitakone Adi
“Arep menyang lapangan di!” wangsulane Tono
“Youwes bareng wae, Aku ya arep menyang lapangan”. Ajae Edi
Sak tekane Tono ing lapangan, Tono bagek ake rotine lan banjur dolanan bal-balan karo kancane ing lapangan nanging udan, tetep wae Tono dolanan bal-balan karo kancane.
Tono muleh langsung mlebu kamare, amarga awake ora enak, banjur nyeluk ibune
“Ibu ibu…”
“Apa ta le ?”
“Anu buk, badan kulo gembreges boten sekeco,”
Ibune banjur demok bathuke rada panas “Woo… genah iki masuk angin, ya iki gara-gara ramanut wong tuwai lan ya penak ithodolanan karo kancane ?” ature ibune.
“Nggih bu, pancen luwih penak dolanan kalihan kancane.” Wangsulane Tono.
“Yowis kene saiki tak keroki sedelo mengko dang gek mari”. Ngendikane ibune.

By Amir Ariffudin (SMA N 2 Karanganyar)